Diunduh-Unduh Dewe - Mustofa Abi Hamid's Blog

Update

Tuesday, February 15, 2011

Diunduh-Unduh Dewe

KH. Ma'ruf Islamuddin
Dudu ayune, dudu baguse,Dudu ayune, dudu baguse,
Ajine menungso mungguh Pangerane,
Nanging atine, budi pekertine,
Tindak tanduk’e ing sak bendinane,


Dudu bandane, dudu pangkate,
Mungguhe Pangeran iman lan taqwane,
Nindakne printahe, ninggal larangane,
Mbesok amale diunduh-unduh dewe.

Rupane ayu ora mituhu,
Mbesok uripe bakal dibendu,
Senajan wonge tampan ra nduwe iman kapitunan,
Ayune rupo, atine olo, paedah opo urip tanpo guno.

Senajan gagah, bandane turah,
Ora ngibadah, uripe susah,
Sugih mlarat ujian,
Tumprape iman mungguh Pangeran.

Seng sugih loman,
Seng mlarat nriman,
Yoiku uwong seng bejo temenan.

Cipt.: KH. Ma’ruf Islamuddin
(Pengasuh Pondok Pesantren Wali Songo Sragen Jawa Tengah)

Mustofa Abi Hamid
Physics Education ‘09
Lampung University
Office :
BPH Al-Wasi’i
Lantai Dasar Masjid Al-Wasi’i Jln. Soemantri Brojonegoro no.13 Gedung Meneng Bandarlampung Post Code : 35145
HP : 0856.6666.090
Ph : (0721) 783044
e-mail :abi.sma4@gmail.com
abi.unila@yahoo.co.id
www.mustofaabihamid.blogspot.com

No comments:

Post a Comment

Post Top Ad